LAYANG KAGEM IBU-Megatruh Senjawan Budiyanto

Geguritan yang masih terkenang hingga saat ini....
geguritan ini aku pertama membacanya pada saat kelas 4 SD.



LAYANG KAGEM IBU

Anggitane : Megatruh Senjawan Budiyanto


Ibu
Saka lemah pangulandaran kene
Anakmu kirim layang
Nyuwon donga pangestu
Bakal methik kembang
Sesumping sotya
Bakal lungguh dhampar kencana
Linambaran babud sutra

Ibu
Kanthi dlancang seta iki
Anakmu ngantu rawuhmu
Ngasta sasuwek pangapura
Pinangka nambal kaluputan
Anakmu kang wus kasupen
Sega thiwul sambel korek ndesa
Dang dangane ibu sawengi ceput
Dhatan sare kanggo aku
Biyen kae

Ibu estu dak antu rawuhmu
Ingdina pahargyan tembe
Nyuwun uga ibu ngasta
Sega thiwul sambel sagodhang
Binungkus godhong gedhang

Anakmu kangen……………
Share:

1 komentar:

Unknown mengatakan...

Anak kangen marang ibu ngenteni rawuhe ing dina pahargyan