Prahara Ngastinapura

Duryudana wus kuru anane
Mikir kahanan negarane
Kang ora dingerteni masalah negarane
Ajur ngguyokake perkarane
Weruhe mung mesem wae
Jebul Patih Sengkuni kang dadi perkarane
Mangan aspal beton tekan KTP
Keng Prabu ora ngerti sanyatane
Mula keng Prabu kuru anane
Ora ono bagean kang dadi panganane
Pandhita Durna ngeplokne tangane
Sambi ngilangake slilite
Slilit kang Semilyar gedhene
Guru Bisma mung nangis dadine
Wadul marang Gusti Hyang Ngakaryo Jagade
Banjur Hyang Wasa paring wanine marang prejurite
Rupa Cecak kang alit dayane
Patih Sengkuni kaget manahe
Banjur golek tameng ngamanke awake
Tameng Baya kang ditemu aneng Comberane Chandradimuka
Banjur para warta mawarta
Kadya dene cecek lan baya dho cidera
Banjur pada udur para warga
Adu jago rupa cecek lan baya
Kayangene kahanan Ngastinapura
Nalika Keris wus ilang pamore
Keris dadi Pedange
Banjur Pedang dadi Pacule
Ora trap kelawan samestine
Lan Gusti wus disingkirake saka kiblat aturane
Gusti mutung den culake
Datan mosik negarane
Kajaba rakyat kang dadi sebabe
Share:

0 komentar: