Antawisipun Blangkon lan Udheng

Tiyang bodho longa longo kados kulå mênikå mbotên patrapipun ngginakakên blangkon. Awit blangkon mênikå patrapipun kagêm pårå ngalim lan pårå kiai. Awit blangkon mênikå pratandhanipun janmå luhur ingkang linuwih ing kawruh.
Blangkon mênikå anggadhahi plipêtan pitulas kang den ikêt ing mburi atêgês priyagung puniku sampun anglampahi pitulas rêkangat shalat sêrintên sêdalu lan kaikêt kalian rong klimah sêkatèn. Mênawi pitulas mênikå mbotên kaikêt dening kalimah sahadah pitulas punika bakalé ambyar kados Blangkon ingkang botên kaikêt.
Kawulå namung pantes angginakakên udhêng. Kang ateges "urung mudhêng". Awit kulå mênikå mbotên anggadahi kaluwihan ngilmu agami punåpå déné ngilmu kadunyan.
Share:

0 komentar: