Memusuhi Habaib

Hamekeg nafsu keng para Sarip tuwin Sayid.
Hamung para Dan Hyang sami ambucal uwuh.
Dateng para kadang papa lan tuna.
Sarta para madya keng humubingrah.
Uwuh kaobong agni angkara.
Hamerambat dumugi keng kwasa.
Sirna manah datan ariping adab.
Datang angerteni patraping ajawi.
Geni amobal amubul.
Ambumbung mumbul hangangkasa.
Keng Sarip anyebar warih.
Aniyat amadhep lilahi tangala.
Para papa lan madya datan rena.
Nalika ardi lestari.
Kasaenan karaharjan adunung.
Keng toya kaadang dening papa lan madya.
Mulat sampun sanalika.
Bubar buyar puniki nagari.
Kala bendu bakal nenepi.
Mijil wanci keng Mahdi.
Jaman akhir kari ngitung.
Titi wanci lan alamat sampun awujud.
Hamung keng sabar kang resik ati.
Datan kaalang pitedah Hyang Adi.
Share:

0 komentar: