Sawahku Lolos

Esuk jemun aku wis sarapan,
Banjur tata tata,
Budhal menyang sawah,
Umpama telat mangkat,
Manuke wus podo meclok nang witing pari
Wingi, wingi wus akeh pari kang dicolongi manuk
Yen parine ora ditunggu
Lhak yo mesti ra sido panen
Mulane aku mangkat mruput
Senajan lemahe lunyu
Sedalu natas udan ora kendhat
Aku tetep mangkat
Tanpa sepatu tanpa srandal
Sing wingi-wingi wus dak ikhlasno
Saiki kari jogo pari sek nang tengah sawah
Kang durung di colong manuk.
E lha dalah,
Jebule kok mengkene.
Pari seng tak arep-arep bakal bisa di panen
Kok ketutup lemah
Wis gak ketara maneh parine
Amarga kejugrugan lemah beteng.
Jebul Jebul
Udan sewengi mau gawe lemahe lolos
Kelakon cotho yen mangkenene
Aku arep panen opo
Apa Dewi Sri murka
Sahingga aku ra isa panen
Apa Dewi Sri murka
Sebab ra ana maneh kang weneh sedekah bumi
nDhisik ndhisik ora ono manuk kang akehe kaya saiki
Ngedap edapi anggone mangan pari
Apa merga sedekah bumine kurang
Sahingga Manuke ra kebageyan
Kayane iya
Anggone nafkah marang Dewi Sri sajak kurang
Sahingga Dewi Sri murka
Banjur lemah lemah di jugrugake
Banjur aku sesuk arep mangan apa
Suhari 05/10/16
Share:

0 komentar: