Panakawan Dakwah

Dene kang sinebut Panakawan, Pana menika ngerti, kawan menika kekancan, Panakawan ateges ingkang mangerteni ing kekancan, setya ing kekancan, utawi ing cara ngarabipun walak.
Panakawan menika wonten kalih, Panakawan dumateng kasaean lan Panakawan dhateng kaawonan.
Ki Lurah Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong menika Panakawan dumateng kasaean,
Togog lan Bilung menika Panakawan dhateng angkara.
Semar menika Ismar kang ateges Paku, dakwah menika minangka pakuning kasaean.
Gareng menika Naala Qariin utawi padas rencang ingkang kathah, dakwah menika laku kanti ngajak sinten kemawon supados dadi kekancan ing kasaean.
Petruk menika istilahe para Sufi, Fatruk kulla ma siwa Allahi, ateges dakwah menika ajakan ninggalaken sedaya kejawi Gusti Allah.
Bagong utawi Baghaa ateges dakwah menika nolak, berontak dateng angkara.
Dene Panakawan dhateng angkara murka menika sinebut Togog.
Togog utawi Thoghuut, menika pralambang angungkuli wates lumrah utawi dhalim.
Share:

0 komentar: