Rukun Pandawa

Utawi ingkang ateges Pandhawa Lima menika Rukun Islam ingkang gangsal.
Sepindah, Puntadewa menika nggadhahi gegaman Jamus Kalimasada. Kalimasada menika ateges Kalimah Syahdah.
Kapindho, Brantasena menika nggadhahi gegaman Pancanaka. Panca menika lima, dene Naka menika wekdal.
Katiga, Raden Harjuna ya Dananjaya, Dananjaya ateges seneng weweh.
Kapat, Nengkula ya Nangkula, Nengkula ateges Meneng ing ngawula kang ateges Pasa, Nangkula ateges Menanging kawula, dene ing riwayatipunkawula Islam, kamenangan-kamenangan menika kathang ingkang dipun gayuh wonten ing sasi Pasa.
Dene Kalima iku Sadewa, patrapipun tiyang ingkang sampun munggah kaji menika kedah nyadewa, boten tresna banda dunya.
Share:

0 komentar: